Baca Juga: Tahun ajaran anyar ini rasa bungah ana ing njero atiku sawise pengumuman penerimaan siswa baru ing SMP Negeri 1 Seyegan Sleman. Kanca kabeh mesti wis bisa nebak ngopo aku kok bungah, ora liya yaiku mergo aku ketompo dadi salah siji murid neng SMP Negeri 1 Seyegan. Senajan bijiku UAS ora patio duwur tapi tetep tak syukur mergo aku ketoma ana sekolahan sing tak pengenake. Kejaba aku temtu wae wong tuaku terutama simbok ugo ngrasa bungah mergo anake lanang bisa sekolah ing cedak omah.
Malah simbok ngendiko yen sesuk wis masuk sekolah aku bisa muleh yen pas istirahat, dadi sanguku bisa ngirit. SMP Negeri 1 Seyegan iki senajan dadi sekolah anyarku nanging aku rumongso yen wis akrab banget karo sekolah iki.
![Sandiwara Menggunakan Bahasa Jawa Ngoko Lugu Untuk 6 Orang Singkat Tema Lucu Sandiwara Menggunakan Bahasa Jawa Ngoko Lugu Untuk 6 Orang Singkat Tema Lucu](http://4.bp.blogspot.com/-7QXzzA8xHtI/VUWMYwZMNUI/AAAAAAAAALM/R5L_qrej8XI/s1600/contoh-naskah-drama-pendek-5-orang.jpg)
Amergo meh saben sore aku dolanan bal ana ing halaman ngarep sekolahan kui karo konco-konco. Dadi ana ngendi posisi kelas, kantor guru, termasuk posisi WC gedung kui aku wis apal. Maklum wae omahku amung jarak 500 meter seko sekolahan iki. Singkate cerkak bahasa jawa ngoko iki tak tulisake tekan wayah masuk sekolah. Dino kui yen ra salah dina senen, tanggal piro aku wis lali sik jelas iseh kaya cah SD aku nganggo seragam putih lan abang amergo seragam anyarku durung dadi lan iseh neng tukang jahit. Dino pertama aku masuk sekolah anyar kabeh konco katon asing kejaba Maisyaroh lan Parlan sing omahe ora adoh ugo seko omahku.
Kejobo omahku lan Maisyaroh ugo Parlan cedak wong loro iku ugo koncoku sak kelas wayah SD ndisik. Melu acara MOS utawa Masa Orientasi Siswa pancen dadi kenangan sing ora bakal tak lalekake, wektu kui akeh kegiatan kang dadekno murid siji lan sijine dadi podo kenal lan akrab. Yen ora salah wayah MOS tak lakoni sakjroning (3) telung ndina suwene. Siji kedadean sing ora bakal tak lalekake yaiku aku keno hukuman ana ing dina terakhir amergo ora nganggo kolot utawa ikat pinggang. Yo pancene aku ora biasa nganggo sabuk ana ing clono sawayah SD ndisik. Sing jenenge peraturan pancene kudu ditegakake pada ugo karo peraturan sajroning melu MOS neng sekolahku. Singkat crito wayah kui aku oleh hukuman supaya ngitung cacah gendheng ing nduwur gedung sekolah.
Baca Juga: “Waduh apes” bathinku ing ngati, bayangke wae cacah gendeng sing tememplek ana nduwur gedung semono gedene kon ngitungi mboko siji. Rasa isin ugo mangkel pancen teko ana njero atiku, ananging saiki aku wis nyadar sawise kedadean kui nganti seprene aku rabakal lali nganggo sabuk saben wayah sekolah. Mungkin sikap kedisiplinan iki ugo sing pengen ditrapake kanggo murid-murid SMP Negeri 1 Seyegan sajroning kegiatan MOS. Demikian sebuah cerita pengalaman pribadi dengan judul yang dapat kami sajikan semoga bisa memberikan sedikit gambaran bagi teman-teman semua dalam membuat cerita lain yang berkaitan dengan tema yang serupa.
Cerita cerkak bahasa jawa ngoko dengan tema sekolah baru di bawah ini merupakan contoh sederhana crito boso jowo. Dengan judul cerkak bahasa jawa ngoko tea sekolah baru di bawah ini merupakan salah satu cerita yang disamapaikan menggunakan bahasa daerah tepatnya bahasa jawa ngoko. Cerita Lucu Cekak Bahasa Jawa Ngukur Cagak Gendero.